Showing posts with label BAHASA JAWA. Show all posts
Showing posts with label BAHASA JAWA. Show all posts

contoh teks naskah drama dalam bahasa jawa



contoh teks naskah drama dalam bahasa jawa
Woh dhondong lan woh duren
Babak 1
Malam minggu iki farhan lan fakri nginep ing daleme simbah. Kang dumunung ing lereng gunung semeru. Latare simbah amba saengga dianggo playon bocah, saliyane iku simbah kagungan kebon kang amba. Bocah-bocah pada leren ing teras lan pada nyuwun pirsa karo mbah
Farhan: “mbah kebonipun ditanemi punapa?
Simbahg: “ana wit klapa, gedang, duren, lan rambutan. Malah akeh kang padha mateng ing wit”
Fikri: “asyik... benjing dhateng kebon inggih mbah?”
Simbah: “ya sesuk sawisw sarapan. Saiki wis bengi ayo turu dhisik supaya sesuk ora kawanen”
Farhan, fakri: “inggih mbah”

Babak 2
Esuk sampun sarapan, farhan lan fakri playon ing platarane simbah.
Simbah: “kok malah playon, ora pareng banter-banter mengko tiba”
Farhan, fakri: “inggih mbah”
Simbah: “simbah arep ngunduh woh-wohan, pada melu opo ora?”
Fakri: “nderek, woh-wohan sing diunduh napa mawon mbah?”
Simbah:”lah pinginmu ngunduh woh apa?”
Farhan: “duren mbah”
Fakri: “dhondong mawon mbah”
Simbah: “ya wis, ayo ngunduh dhondong lan duren pisan”
Simbah, farhan, lan fakri mlaku menyang kebon sing jarake ora adoh, cukup 5 menit mlaku mrana.

Babak 3
Metu saka plataran simbah, farhan, lan fakri weruh wong lanang klamben putih clana biru lan sepathon kanthi rapi. Pawongan iku lingak-linguk karo nyawang kertas ing tangan tengene. sajake kaya pegawe kantoran.
Simbah: “nuwun sewu mas. Panjenengan madosi sinten?” (pitakone simbah marang wong kasebut nalika wis cedhak)
Pawongan: “kula madosi daleme pak carik. Ing cathetan kula, daleme celak prapatan niki” (semaur karo ndelok cathetan)
Simbah: “panjenengan kliru mas. Omahe pak carik sish adoh. Saka kene lurus wae. Omahe pager ireng jejer pos kamling.
Pawongan kuwi manthuk-manthuk. Banjur mlaku menyang papan kang dituduhake simbah tanpa ngucap panuwun disik. Simbah, farhan, lan fakri nuli nutugake laku. Setengah dalan, tetelune ketemu pawongan asing maneh. Nanging siji iki sandhangane  preman klambine kotak-kotak ora dikancingake, celanane suwe-suwek ing dengkule. Farhan lan fakri keweden, kekarone langsung nggandeng astane simbah kanti kenceng. Bareng wis cedak, wong lanang kuwi mesem marang simbah. Simbah mung mbales mesem, ora ngajak ngomong.

Babak 4
Tekan kebun buahe simbah, kekarone pada ngunduh wit dhondong lan duren. Dhondong lan duren olehe ngunduh digawa mulih. Ing tengah dalan simah, farhan, lan fakri dikagetake dening warga kampung kang pada rame. Salah dijine nyedaki simbah
Warga kampung: “mbah panjenengan wau ningali tiyang jaler rasukan pethak?
Simbah: “ geneya kok ujug-ujug nakokne wong lanang klambi putih?”
Warga kampung: “mbah mukri nembe kemalingan sepedah motor. Sanjange sing sami ningali wonten tiyang jaler rasukan pethak mlebet griyane”
Fakri:” wah, aja-aja mas klambi abang kothak-kothak mau”
Warga kampung: “seje dhik, kuwi mas jeki, sing dadi intel, kebeneran lagi tugas ing kene”

Babak 5
Tekan omahe simbah, farhan lan fakri ngetokake uneg-uneg dewe
Fakri: “ han dak kira wong apik pranyata maling. Dene kang dak karani preman, jebule polisi”
Farhan: “iya ya, tibake penampilan iku ngapusi”
Simbah: “ibarate kaya woh ndondong lan woh duren, woh ndondong kulite alus, bareng dicokot rasane kecut, serat serate kasar, isine malah kebak eri sing marahi klelegan. Dene woh duren kulite kebak eri, nanging barang sibukak, daginge lembut lan rasane legi. Mula watake woh-wohan kuwi ora bisa dibedhek. Semono uga manungsa, ora pareng pisan-pisan ngarani apik utawa ala yen durung ngerti tenan. Mula becike kita duwe penampilan kaya woh dhondhong nanging duwe watak kaya duren”
Farhan, fakri: “inggih mbah”

contoh naskah/teks pidato bahasa jawa


contoh naskah/teks pidato bahasa jawa (tanggap wacana) bertema lingkungan pendidikan
Assalamu'alaikum Wr. Wb,
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni
Bapak Ibu guru ingkang dhahat kinurmatan

     Minangka puwakaning atur, sumangga kita sesarengan ngucapaken puji syukur katur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring rahmat serta hidayah dhumateng kita sedaya. Saengga ing wekdal punika kita teksih pinaringan rahayu wilujeng lir ing sambekala. Kaping kalihipun kula ngaturaken agungipun panuwun ingkang tanpa upami dhumateng para bapak sarta ibu guru ingkang sampun kersa rawuh sarta kanca kanca saha nderek mangayu bagya adicara sosialisasi lingkungan hidup ana lingkungan pendidikan

     Bapak Ibu guru sarta kanca kanca sedhaya ingkang dhahat kinurmatan, sekedhap malih badhe wonten penilaian adhiwiyata, sekolahan menika dherek progaram adhiwiyata pramila panjenengan  sedhaya supadhos dherek partisipasi inggih menika nglestariakaen lingkungan ingkang wonten sekolah ngriki. antaranipun ngresiki lingkungan, ngatur sedhaya ingkang boten sahe tata, nanem taneman wonten lahan ingkang kosong, milah-milahaken sampah, lan ugi ngelola sampah. mugi mugi kemawon mangkeh sekolah meiki angsalperingkat tingkat Jawa Timur supadhos mangke saget mlebet penilaian tingkat Nasional inggih menika Adhiwiyata. minangka pungkasaning atur, kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami bokbilih kula wontem kalepatan dhumateng bapak ibu sarta kanca kanca kula nyuwun pangapunten.

     Wusana cekap semanten atur kula, menawi wonten kirang langkungipun atur, nyuwuwn agunging pangaksami.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.





contoh pengalaman pribadi dalam bahasa jawa




contoh pengalaman pribadi dalam bahasa jawa

lunga menyang yogyakarta

       Lulusan SD kula lan kanca-kanca lunga menyang Yogyakarta.Jam 08.00 bengi kula lan rombongan nglumpuk ing sekolahan.Jam 08.30 bengi  pariwisatane teko nang sekolahan.
Kula lan kanca-kanca grudukkan mlebu bis soale wedi gak kebagian kursi.Akhire kula lan laras kanca kanca entuk lungo no. 2 teko `ngarep.
Jam 04.30 esuk kula lan rombongan teko menyang Yogyakarta.Bis’e mandek ing masjid ngarep’e candi Prambanan, kula lan rombongan langsung sembhayang shubuh lan mangan, sawise sembhayang shubuh kula lan rombongan langsung budhal menyang museum kerucut, ndelok tiruan pahlawan sing memperjuangkan bangsa indonesia.
Sawise nang museum kerucut, kula lan rombongan menyang kolam renang arep adus.Sawise adus kula lan rombongan menyang candi borobudur, ing candi borobudur kula lan kanca-kanca foto bareng. Sawise nang candi borobudur kula lan rombongan nang pasar malioboro arep golek oleh-oleh.
Jam 08.00 bengi kula lan rombongan mangan, sawise mangan jam 08.30 bengi kula lan rombongan mole menyang pandaan.Kula seneng banget.     
Sekian pengalaman kula.
Suwun..................

contoh teks wawancara dalam bahasa jawa




Contoh teks wawancara dalam bahasa jawa 

Narasumber         :
Dina            : Jum’at, 16 November 2012
Papan                   : Pabrik Tahu, Capang


1.       Napa’a bapak milih produksi tahu ?
-
2.   Napa saben dinten pabrik mroduksi ?
      - Ya, kejawi dina riyaya
3.   Bahan baku tumbas wonten pundi ?
      - Sukorejo
4.   Pinten kathahe kedangsul ingkang badhe dipun damel tahu saben dinten ?
      - Kira-kira 2 kwintal
5.   Punapa sampun gadhah serat ijin pendirian perusahaan ?
      - Sampun
6.   Hasilipun dipun sade wonten pundi kemawon ?
      - Nongkojajar kaleh Gerbo
7.   Punapa mindak reginipun tahu jalaran bahan baku kedangsul inggih mindak ?
      - Mboten, tapi tahune di gawe radha cilik
8.   Upahipun pegawe diparingaken saben dinten, saben minggu, saben wulan ?
      - Saben minggu
9.   Punapa wonten kasejahteraan sanes kejawi saking gaji pegawenipun ?
      - Wonten, THR karo santunan menawi ana sing loro
10. Pinten kathahipun pegawe ?
      - 5



contoh parikan bahasa jawa



CONTOH PARIKAN BAHASA JAWA

1.      Wajik kletik, gula jawa
Lawih becik, sing prasaja

2.      Manuk tuhu, mencok pager
Yen sinau, dadi pinter

3.      Kangkunge, diiris-iris
Senenge, ora uwis-uwis

4.      Parine, wis lemu-lemu
Atine, wis kudu nesu

5.      Esuk nakir sore nakir,
Sing ditakir godhong plasa.
Esuk mikir sore mikir
Sing dipikir ra rumangsa

6.      Kutha Sala dalane rame,
Sri Wedari tengah prenahe,
Aku gela amarga kowe,
Angger janji arang nyatane


download kamus bahasa inggris untuk hp java



Download kamus bahasa inggris untuk hp java

Jika anda pelajar tentu tidak lepas dengan pelajaran bahasa inggris, dan pelajaran bahasa inggris tak dapat dipisahkan dengan yang namannya kamus. Kamus adalah salah satu alat bantu yang sangat bermanfaat. Karena tanpanya kita tidak bisa mengartikan suatu kata ke bahasa indonesia. Dari situ saya terinpirasi untuk membagikan kamus yang dapat digunakan di hap java. Langsung aja untuk download. Klik dibawah ini

download aplikasi alquran untuk hp java



Download al quran untuk hp java terbaru

 Sampean muslim? Pasti iya dong, hehe. Bagi agama islam Al quran adalah kitab suci yang berisi seluruh pedoman hidup manusia di dunia ini. Oleh karena itu kita wajib membaca al quran setiap hari dan mengamalkanya. Dari situ saya terinspirasi untuk membagikan al quran yang dapat dibuka di hp java. Tentu al quran tersebut sangat praktis dan simple. Langsung aja untuk download klik dibawah

Contoh Layang/Surat Bahasa Jawa


Surabaya, 1 januari 2009
Katur dhumateng
Bapak saha Ibu
ing ndalem

Sembah pangabekti,

           Kanthi serat punika kula ngaturi pirsa bilih kawontenan kula ing Surabaya tansah pinaringan rahayu wilujeng ing pangamoyaning Gusti Ingkang Maha Agung. Ingkang dalem suwun, mugi-mugi kawontenan Bapak dalah Ibu saha kulawarga ing Pacitan ugi mekatana.
         Kajawi ingkang ing nginggil, keng putra ngaturi uninga bilih benjing wekdal liburan semester gasal ing wulan Januari keng putra wonten kegiyatan Study Tour dhateng Pulo Bali. Pramila saking punika keng putra nyuwun kintunan arta kangge mbayar kekirangan tabungan tour lan kangge sangu ingkang cacahanipum Rp 400.000,00. Wondene tampi rapot benjing tanggal 17 Januari 2009. Menawi wonten kalodhangan wekdal keparenga Bapak/Ibu tindak Surabaya mendhet rapot ing sekolahan. Menawi Bapak utawi Ibu repot dipunpendhet Pakdhe boten menapa. Keng putra wangsul dhateng Pacitan, benjing sasampunipun Study Tour dhateng Pulo Bali antawis tanggal 21 Januari 2009.
         Wasana cekap semanten atur kula, mbokbilih wonten kirang langkunging atur, keng putra nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami.



Keng putra tuhu tresna

Natasha Maulidha Sukendro



contoh geguritan bahasa jawa


JAMAN KOMPUTER

jamane wis sarwa komputer
akeh wong padha keblinger
rodha becakmu tetep munyer
sarapan sega pecel

jamana wis sarwa mal plaza
uripmu panggah nguler kembang
gethuk tela pendhak rina

jamane wis sarwa supermarket
ing desamu pasar pendhak kliwon
dol tinuku nyang-nyangan kaya padudon
golek bati sarepis adus kringet

jamane wis sarwa satelit
pacul arit panggah nggegurit
nggo ngrabuki jagad alit

jamane wis sarwa edan
lanang ilang jalere
wadon ilang wanitane

Contoh Pengumuman dalam Bahasa Jawa terbaru



SMPN 1 PURWOSARI




Woro - Woro


Para siswa kang tansah daktresnani, Sesambetan kaliyan pengetan dinten Kamardhikan kaping 67 Republik Indonesia, OSIS SMPN 1 PURWOSARI badhe dherek-dherek ngrameaken. Awit saking punika, OSIS ngawontenaken kagiyatan Lomba Maca lan Nulis Geguritan ingkang badhe kalaksanaaken benjing:

Dinten             : Setu-Minggu
Surya               : 15-16 Agustus 2012
Tabuh              : 08.00 dumugi paripurna
Papan              : Lapangan SMPN 1 PURWOSARI

Pramila, para siswa ingkang badhe dherek lomba supados daftar ing sekretariat OSIS  . Matur nuwun.

Pasuruan, 1 Agustus 2012

                                                                                                 Ketua OSIS,
                                                                                                           

contoh cerita cerkak


contoh cerita cerkak

         Isuk dina minggu aku menyang pasar Lawang diutus ibu  tuku obat, waktu tuku obat ing sandingku ana wong sugih. Mari tuku obat aku menyang toko swalayan amarga pingin njajan. Mari njupuk jajan aku ngantri ing kasir, ing ngarepku aku kepetuk wong sugih kuwi. Dheweke arep mbayar barang sing arep dituku, tapi waktu dheweke nggarayahi sakune, dheweke ora nemu lan ngrasa dompete dicopet. Dheweke langsung nyawang aku lan nuduh aku sing njupuk dompete. Aku langsung kaget ora weruh karepe, lan nggolek alasan supaya ora dituduh maneh. Amarga emosi, wong sugih kuwi nggawa aku menyang kantor polisi. Ing kantor polisi aku digawa menyang ruang pameriksaan. Akeh wong nyawangi aku saka  jendela. Amarga wedi lan gemeter aku ora bisa apa-apa kejaba ngerungoake pitakone polisi sing ditujukake marang aku.  Waktu polisi nakoni aku apa aku sing njupuk dompete, aku njawab yen ora aku sing njupuk karo gemeter. saka lawang ketara ana ibu-ibu sing meksa melebu ing ruang pameriksaan. Ibu kuwi langsung jelasake yen dompete bapak kuwi ketinggalan ana apotek. Wong sugih kuwi kaget lan njaluk sepura amarga wis nuduh aku sembarangan. Atiku langsung lega lan tenang. Aku ya matur suwun marang ibu kuwi amarga atine sing apik mbalekake dompete wong sugih kuwi.
class='blog-feeds'