contoh teks naskah drama dalam bahasa jawa
Woh dhondong lan woh duren
Babak 1
Malam minggu iki farhan lan fakri nginep ing
daleme simbah. Kang dumunung ing lereng gunung semeru. Latare simbah amba
saengga dianggo playon bocah, saliyane iku simbah kagungan kebon kang amba.
Bocah-bocah pada leren ing teras lan pada nyuwun pirsa karo mbah
Farhan: “mbah kebonipun ditanemi punapa?
Simbahg: “ana wit klapa, gedang, duren, lan
rambutan. Malah akeh kang padha mateng ing wit”
Fikri: “asyik... benjing dhateng kebon inggih
mbah?”
Simbah: “ya sesuk sawisw sarapan. Saiki wis
bengi ayo turu dhisik supaya sesuk ora kawanen”
Farhan, fakri: “inggih mbah”
Babak 2
Esuk sampun sarapan, farhan lan fakri playon
ing platarane simbah.
Simbah: “kok malah playon, ora pareng
banter-banter mengko tiba”
Farhan, fakri: “inggih mbah”
Simbah: “simbah arep ngunduh woh-wohan, pada
melu opo ora?”
Fakri: “nderek, woh-wohan sing diunduh napa
mawon mbah?”
Simbah:”lah pinginmu ngunduh woh apa?”
Farhan: “duren mbah”
Fakri: “dhondong mawon mbah”
Simbah: “ya wis, ayo ngunduh dhondong lan duren
pisan”
Simbah, farhan, lan fakri mlaku menyang kebon
sing jarake ora adoh, cukup 5 menit mlaku mrana.
Babak 3
Metu saka plataran simbah, farhan, lan fakri
weruh wong lanang klamben putih clana biru lan sepathon kanthi rapi. Pawongan
iku lingak-linguk karo nyawang kertas ing tangan tengene. sajake kaya pegawe
kantoran.
Simbah: “nuwun sewu mas. Panjenengan madosi
sinten?” (pitakone simbah marang wong kasebut nalika wis cedhak)
Pawongan: “kula madosi daleme pak carik. Ing
cathetan kula, daleme celak prapatan niki” (semaur karo ndelok cathetan)
Simbah: “panjenengan kliru mas. Omahe pak
carik sish adoh. Saka kene lurus wae. Omahe pager ireng jejer pos kamling.
Pawongan kuwi manthuk-manthuk. Banjur mlaku
menyang papan kang dituduhake simbah tanpa ngucap panuwun disik. Simbah,
farhan, lan fakri nuli nutugake laku. Setengah dalan, tetelune ketemu pawongan
asing maneh. Nanging siji iki sandhangane
preman klambine kotak-kotak ora dikancingake, celanane suwe-suwek ing
dengkule. Farhan lan fakri keweden, kekarone langsung nggandeng astane simbah
kanti kenceng. Bareng wis cedak, wong lanang kuwi mesem marang simbah. Simbah
mung mbales mesem, ora ngajak ngomong.
Babak 4
Tekan kebun buahe simbah, kekarone pada
ngunduh wit dhondong lan duren. Dhondong lan duren olehe ngunduh digawa mulih.
Ing tengah dalan simah, farhan, lan fakri dikagetake dening warga kampung kang
pada rame. Salah dijine nyedaki simbah
Warga kampung: “mbah panjenengan wau ningali
tiyang jaler rasukan pethak?
Simbah: “ geneya kok ujug-ujug nakokne wong
lanang klambi putih?”
Warga kampung: “mbah mukri nembe kemalingan
sepedah motor. Sanjange sing sami ningali wonten tiyang jaler rasukan pethak
mlebet griyane”
Fakri:” wah, aja-aja mas klambi abang
kothak-kothak mau”
Warga kampung: “seje dhik, kuwi mas jeki, sing
dadi intel, kebeneran lagi tugas ing kene”
Babak 5
Tekan omahe simbah, farhan lan fakri ngetokake
uneg-uneg dewe
Fakri: “ han dak kira wong apik pranyata
maling. Dene kang dak karani preman, jebule polisi”
Farhan: “iya ya, tibake penampilan iku ngapusi”
Simbah: “ibarate kaya woh ndondong lan woh
duren, woh ndondong kulite alus, bareng dicokot rasane kecut, serat serate
kasar, isine malah kebak eri sing marahi klelegan. Dene woh duren kulite kebak
eri, nanging barang sibukak, daginge lembut lan rasane legi. Mula watake
woh-wohan kuwi ora bisa dibedhek. Semono uga manungsa, ora pareng pisan-pisan
ngarani apik utawa ala yen durung ngerti tenan. Mula becike kita duwe
penampilan kaya woh dhondhong nanging duwe watak kaya duren”
Farhan, fakri: “inggih mbah”
contoh teks naskah drama dalam bahasa jawa
9out of 10 based on 10 ratings. 9 user reviews.
Terimakasih telah Berkunjung dan Semoga Bermanfaat..
Tetap Update dan Dukung Saya Berbagi dengan
⇧⇧⇧ klik Tombol LIKE DI ATAS ⇧⇧⇧
☺☺☺ TERIMAKASIH ☺☺☺
BACA JUGA !!!!
No comments:
Post a Comment