contoh teks naskah drama dalam bahasa jawa






contoh teks naskah drama dalam bahasa jawa
Woh dhondong lan woh duren
Babak 1
Malam minggu iki farhan lan fakri nginep ing daleme simbah. Kang dumunung ing lereng gunung semeru. Latare simbah amba saengga dianggo playon bocah, saliyane iku simbah kagungan kebon kang amba. Bocah-bocah pada leren ing teras lan pada nyuwun pirsa karo mbah
Farhan: “mbah kebonipun ditanemi punapa?
Simbahg: “ana wit klapa, gedang, duren, lan rambutan. Malah akeh kang padha mateng ing wit”
Fikri: “asyik... benjing dhateng kebon inggih mbah?”
Simbah: “ya sesuk sawisw sarapan. Saiki wis bengi ayo turu dhisik supaya sesuk ora kawanen”
Farhan, fakri: “inggih mbah”

Babak 2
Esuk sampun sarapan, farhan lan fakri playon ing platarane simbah.
Simbah: “kok malah playon, ora pareng banter-banter mengko tiba”
Farhan, fakri: “inggih mbah”
Simbah: “simbah arep ngunduh woh-wohan, pada melu opo ora?”
Fakri: “nderek, woh-wohan sing diunduh napa mawon mbah?”
Simbah:”lah pinginmu ngunduh woh apa?”
Farhan: “duren mbah”
Fakri: “dhondong mawon mbah”
Simbah: “ya wis, ayo ngunduh dhondong lan duren pisan”
Simbah, farhan, lan fakri mlaku menyang kebon sing jarake ora adoh, cukup 5 menit mlaku mrana.

Babak 3
Metu saka plataran simbah, farhan, lan fakri weruh wong lanang klamben putih clana biru lan sepathon kanthi rapi. Pawongan iku lingak-linguk karo nyawang kertas ing tangan tengene. sajake kaya pegawe kantoran.
Simbah: “nuwun sewu mas. Panjenengan madosi sinten?” (pitakone simbah marang wong kasebut nalika wis cedhak)
Pawongan: “kula madosi daleme pak carik. Ing cathetan kula, daleme celak prapatan niki” (semaur karo ndelok cathetan)
Simbah: “panjenengan kliru mas. Omahe pak carik sish adoh. Saka kene lurus wae. Omahe pager ireng jejer pos kamling.
Pawongan kuwi manthuk-manthuk. Banjur mlaku menyang papan kang dituduhake simbah tanpa ngucap panuwun disik. Simbah, farhan, lan fakri nuli nutugake laku. Setengah dalan, tetelune ketemu pawongan asing maneh. Nanging siji iki sandhangane  preman klambine kotak-kotak ora dikancingake, celanane suwe-suwek ing dengkule. Farhan lan fakri keweden, kekarone langsung nggandeng astane simbah kanti kenceng. Bareng wis cedak, wong lanang kuwi mesem marang simbah. Simbah mung mbales mesem, ora ngajak ngomong.

Babak 4
Tekan kebun buahe simbah, kekarone pada ngunduh wit dhondong lan duren. Dhondong lan duren olehe ngunduh digawa mulih. Ing tengah dalan simah, farhan, lan fakri dikagetake dening warga kampung kang pada rame. Salah dijine nyedaki simbah
Warga kampung: “mbah panjenengan wau ningali tiyang jaler rasukan pethak?
Simbah: “ geneya kok ujug-ujug nakokne wong lanang klambi putih?”
Warga kampung: “mbah mukri nembe kemalingan sepedah motor. Sanjange sing sami ningali wonten tiyang jaler rasukan pethak mlebet griyane”
Fakri:” wah, aja-aja mas klambi abang kothak-kothak mau”
Warga kampung: “seje dhik, kuwi mas jeki, sing dadi intel, kebeneran lagi tugas ing kene”

Babak 5
Tekan omahe simbah, farhan lan fakri ngetokake uneg-uneg dewe
Fakri: “ han dak kira wong apik pranyata maling. Dene kang dak karani preman, jebule polisi”
Farhan: “iya ya, tibake penampilan iku ngapusi”
Simbah: “ibarate kaya woh ndondong lan woh duren, woh ndondong kulite alus, bareng dicokot rasane kecut, serat serate kasar, isine malah kebak eri sing marahi klelegan. Dene woh duren kulite kebak eri, nanging barang sibukak, daginge lembut lan rasane legi. Mula watake woh-wohan kuwi ora bisa dibedhek. Semono uga manungsa, ora pareng pisan-pisan ngarani apik utawa ala yen durung ngerti tenan. Mula becike kita duwe penampilan kaya woh dhondhong nanging duwe watak kaya duren”
Farhan, fakri: “inggih mbah”

contoh teks naskah drama dalam bahasa jawa 9out of 10 based on 10 ratings. 9 user reviews.

Terimakasih telah Berkunjung dan Semoga Bermanfaat..


Tetap Update dan Dukung Saya Berbagi dengan
⇧⇧⇧ klik Tombol LIKE DI ATAS ⇧⇧⇧
☺☺☺ TERIMAKASIH ☺☺☺

BACA JUGA !!!!

No comments:

Post a Comment