contoh naskah/teks pidato bahasa jawa





contoh naskah/teks pidato bahasa jawa (tanggap wacana) bertema lingkungan pendidikan
Assalamu'alaikum Wr. Wb,
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni
Bapak Ibu guru ingkang dhahat kinurmatan

     Minangka puwakaning atur, sumangga kita sesarengan ngucapaken puji syukur katur dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun paring rahmat serta hidayah dhumateng kita sedaya. Saengga ing wekdal punika kita teksih pinaringan rahayu wilujeng lir ing sambekala. Kaping kalihipun kula ngaturaken agungipun panuwun ingkang tanpa upami dhumateng para bapak sarta ibu guru ingkang sampun kersa rawuh sarta kanca kanca saha nderek mangayu bagya adicara sosialisasi lingkungan hidup ana lingkungan pendidikan

     Bapak Ibu guru sarta kanca kanca sedhaya ingkang dhahat kinurmatan, sekedhap malih badhe wonten penilaian adhiwiyata, sekolahan menika dherek progaram adhiwiyata pramila panjenengan  sedhaya supadhos dherek partisipasi inggih menika nglestariakaen lingkungan ingkang wonten sekolah ngriki. antaranipun ngresiki lingkungan, ngatur sedhaya ingkang boten sahe tata, nanem taneman wonten lahan ingkang kosong, milah-milahaken sampah, lan ugi ngelola sampah. mugi mugi kemawon mangkeh sekolah meiki angsalperingkat tingkat Jawa Timur supadhos mangke saget mlebet penilaian tingkat Nasional inggih menika Adhiwiyata. minangka pungkasaning atur, kula nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami bokbilih kula wontem kalepatan dhumateng bapak ibu sarta kanca kanca kula nyuwun pangapunten.

     Wusana cekap semanten atur kula, menawi wonten kirang langkungipun atur, nyuwuwn agunging pangaksami.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.





contoh naskah/teks pidato bahasa jawa 9out of 10 based on 10 ratings. 9 user reviews.

Terimakasih telah Berkunjung dan Semoga Bermanfaat..


Tetap Update dan Dukung Saya Berbagi dengan
⇧⇧⇧ klik Tombol LIKE DI ATAS ⇧⇧⇧
☺☺☺ TERIMAKASIH ☺☺☺

BACA JUGA !!!!

No comments:

Post a Comment