contoh cerita cerkak





contoh cerita cerkak

         Isuk dina minggu aku menyang pasar Lawang diutus ibu  tuku obat, waktu tuku obat ing sandingku ana wong sugih. Mari tuku obat aku menyang toko swalayan amarga pingin njajan. Mari njupuk jajan aku ngantri ing kasir, ing ngarepku aku kepetuk wong sugih kuwi. Dheweke arep mbayar barang sing arep dituku, tapi waktu dheweke nggarayahi sakune, dheweke ora nemu lan ngrasa dompete dicopet. Dheweke langsung nyawang aku lan nuduh aku sing njupuk dompete. Aku langsung kaget ora weruh karepe, lan nggolek alasan supaya ora dituduh maneh. Amarga emosi, wong sugih kuwi nggawa aku menyang kantor polisi. Ing kantor polisi aku digawa menyang ruang pameriksaan. Akeh wong nyawangi aku saka  jendela. Amarga wedi lan gemeter aku ora bisa apa-apa kejaba ngerungoake pitakone polisi sing ditujukake marang aku.  Waktu polisi nakoni aku apa aku sing njupuk dompete, aku njawab yen ora aku sing njupuk karo gemeter. saka lawang ketara ana ibu-ibu sing meksa melebu ing ruang pameriksaan. Ibu kuwi langsung jelasake yen dompete bapak kuwi ketinggalan ana apotek. Wong sugih kuwi kaget lan njaluk sepura amarga wis nuduh aku sembarangan. Atiku langsung lega lan tenang. Aku ya matur suwun marang ibu kuwi amarga atine sing apik mbalekake dompete wong sugih kuwi.
contoh cerita cerkak 9out of 10 based on 10 ratings. 9 user reviews.

Terimakasih telah Berkunjung dan Semoga Bermanfaat..


Tetap Update dan Dukung Saya Berbagi dengan
⇧⇧⇧ klik Tombol LIKE DI ATAS ⇧⇧⇧
☺☺☺ TERIMAKASIH ☺☺☺

BACA JUGA !!!!

1 comment:

  1. informasi dalam blog ini sangat bermanfaat, isinya sangat inovatif dan kreatif. saya baru menemukan jawaban dari unek-unek yang selama ini membuat saya bingung. makasih ya informasinya!!

    ReplyDelete